
Materi Ujian Praktik Bahasa Jawa
Pada kesempatan tahun pelajaran 2024/2025 ini siswa-siswi kelas 6 SDN Gelaran II akan melaksanakan Ujian Praktik Bahasa Jawa. Materinya tentang Lagu Dolanan dan Pidhato Bahasa Jawa.
Aspek Penilaian
No | Aspek Berbahasa | Kemampuan yang diukur | Aspek yang dinilai | Skor |
A | Menyanyikan | Hafalan dan Lagu | Hafalan | 35 – 40 |
Irama | 25 – 30 | |||
Ekspresi | 25 – 30 | |||
B | Membaca | Membaca Teks Pidato | Lafal | 35 – 40 |
Intonasi | 25 – 30 | |||
Ekspresi | 25 – 30 |
- Skor maksimal masing-masing aspek berbahasa = 100
- Nilai akhir = Skor (A+B)
2
Berikut contoh-contoh lagu dolanan anak :
1. Sluku-Sluku Bathok
Sluku-sluku bathok
Bathoke ela-elo
Si rama menyang Sala
Leh-olehe payung motha
Pak jenthit lolobah
Wong mati ora obah
Nek obah medeni bocah
Nek urip goleka dhuwit
2. Gundhul Pacul
Gundhul gundhul pacul cul gembelengan
Nyunggi nyunggi wakul kul gembelengan
Wakul ngglimpang segane dadi sak ratan
Wakul ngglimpang segane dadi sak ratan
3. Cublak-Cublak Suweng
Cublak cublak suweng, suwenge teng gelenter
Mambu ketundhung gudel
Pak empo lera lere, sapa guyu delekake
Sir sir pong dhele gosong
Sir sir pong dhele gosong
4. Jamuran
Jamuran ya gege thok
Jamur apa ya gege thok
Jamur gajih mbejijih sa ara-ara
Sira mbadhe jamur apa
5. Jaranan
Jaranan… Jaranan
Jarane jaran teji
Sing numpak ndoro bei
Sing ngiring poro abdi
Cek cek nong… cek cek gung
Jarane mlebu ning lurung
Gedebuk krincin… Gedebuk krincing
Gedebuk krincing… prok prok
Gedebuk jeder
Jaranan… Jaranan
Jarane jaran kepang
Sing nunggang klambi abang
Mlakune ndut ndutan
Cek cek nong… cek cek gung
Jarane mlebu ning lurung
Gedebuk krincing… Gedebuk krincing
Gedebuk krincing… prok prok
Gedebuk jeder
Jaranan… Jaranan
Jarane jaran kore
Ora ono kendaline
Jarane mlayu dewe
Cek cek nong… cek cek gung
Jarane mlebu ning lurung
Gedebuk krincing… Gedebuk krincing
Gedebuk krincing… prok prok
Gedebuk jeder
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Sugeng enjang para sedaya,
Dumateng Bapak kepala sekolah ingkang kinurmatan,
Dumateng bapak kaliyan ibu guru ingkang kula hurmati,
Mboten kesupen dhumateng sedaya rencang ingkang kula tresnani,
Hadirin ingkang kulo tresnani lan kula hurmati ugi.
Monggo kita sesarengan ngucapaken puja lan puji syukur kita dumateng gusti Allah SWT amargi sampun pinaringan berkah lan rahmat dumateng kita. Saking berkah lan karunianipun, kita sedaya saged makempal kanthi sehat wonten papan puniko.
Hadirin ingkang kawulo hormati… Ing kesempatan menika, kula badhe ngendika bab lingkungan. Amargi lingkungan menika papan kangge nggantungaken gesang kita sedaya lan papan kangge pados kaberkahan marang Gusti.
Kita sedaya kedah njagi lingkungan ingkang sak sae-saenipun, supados bumi manfangati kagem kita sedaya.
Hadirin ingkang kula hormati…
Salah satunggaling hasil ingkang kita sedaya pikantuk saking njagi lingkungan meniko kita saget terhindar saking penyakit-penyakit. Macem-macem penyakit ingkang ngintai rikala usum jawah lan pancaroba bisa lunga menawi kita sedaya njaga karesikan lingkungan.
Cekap semanten ingkang saget kula aturaken ing pidato meniko, umpami wonten leatipun, kula nyuwun pangapunten.
Sugeng enjang. Mugi-mugi kita sedaya dipun paringi kasarasan salajengipun. Wassalamualaikum warohmatullahi wabarakatuh.
"PERPISAHAN"
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Bapak Kepala Sekolah ingkang kula kurmati, bapak ibu guru, rencang-rencang saha adhik-adhik kelas ingkang kula tresnani.
Sak derengipun... manga kula dherekaken puja-puji syukur dumateng gusti ingkang sampun paring kanugrahan dhumateng kita sedaya, saengga wonten ing acara perpisahan siswa kelas enem ing tahun punika saged rawuh kanthi raharja lulus ing sambekala.
Ingkang saklajengipun kula nyulih rencang-rencang ngaturaken gunging panuwun dumateng bapak, ibu guru ingkang sampun nyengkuyung saha ngrawuhi acara punika. Ugi matur panuwun dumateng rencang saha adik-adik ingkang sampun paring pambiyantu dateng tumapaking acara.
Bapak ibu guru ingkang kula kurmati,
kula sak rencang siswa kelas enem ngaturaken gunging panuwun awit panggula wentah saha sadaya wucalan ingkang sampun kaparingaken dumateng kula sedaya. Dene kula sak rencang boten saget atur piwales punapa-punapa kajawi naming atur panuwun ingkang tanpa pepindhan.
Para putra naming saget nyuwun dhumateng Allah mugi-mugi paring piwales dhumateng sedaya kesaenipun bapak ibu guru sedaya. Aamiin.
Kajawi punika para putra sedaya nyuwun Samudra pangaksami menggah sedaya kalepatan, dosa, kekhilafan ingkang kita sengaja punapa ingkang boten. Mugi-mugi bapak saha ibu guru kersa paring pangapunten.
Sak lajengipun, kula sedaya nyuwun doa restu saking bapak ibu guru supados saged nglajengaken ing sekolah ingkang kita idham-idhamaken.
Kangge adhik-adhik kelas, pesen kula supados sregep sinau, patuh dhumateng bapak ibu guru, saengga mangke sekolah kita punika saged ngasilaken generasi ingkang pinter, cerdas, saha berbudi luhur.
Bapak ibu guru ingkang kula kurmati,
Naming cekap semanthen ingkang saged kula aturaken. Menawi wonten kekirangan, kesalahan anggen kula matur nyuwun samudra pangaksami.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb
Komentari Tulisan Ini
Tulisan Lainnya
Bersamaan Jadwal Akreditasi Sekolah, Kelas 5 Melaksanakan Gladi ANBK 2023
Sesuai jadwal yang telah ditentukan SD Gelaran II pada hari ini 11/10/2023 melaksanakan Gladi ANBK 2023 yang diujikan kepada siswa kelas 5. Gladi ANBK yang dilaksanakan hari ini bersama
Hari Ini Siswa Kelas 6 Melaksanakan Tryout ASPD Tingkat Kabupaten
Di penghujung bulan Maret 2023 ini SDN Gelaran II Karangmojo melaksanakan Tryout ASPD SD Tingkat Kabupaten Gunungkidul yang dilaksanakan selama 3 hari yakni Rabu, Kamis dan Jum'at
9 Kendala dan Solusi Penggunaan Proktor Browser dan Exam Browser
Lancar tanpa Kendala, tentunya menjadi harapan dari semua proktor yang bertugas saat pelaksanaan Asasmen Kompetensi Minimal. Akan tetapi kenyataannya pasti tidak demikian.&n